Wiji Dadi

 

  1. WIGATINE UPACARA ADAT MANTEN JAWA WIJI DADI (NGIDHAK TIGAN)


    Upacara penganten adat Jawa iku salah satunggaling upacara sakral adat Jawa ingkang gadah rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara kang samping pakem. Upacara penganten iki nglambangaken pertemuan antaraning penganten kakung lan penganten putri ing suasana kang khusus lan dilambangaken dados pasangan raja lan ratu. Rangkaiaan inti upacara umumipun dipuntindakaken ing dalemipun penganten putri.

    Salah satutunggaling upacara ing adat temanten Jawa yaitu upacara panggih.  Panggih tegesipun "bertemu", upacara Panggih dipuntindakaken sesampunipun akad nikah. Maknane suapayanipun pasangan ingkang badhe mawon nikah seged nindakaken rumah tangganipun kanthi ayem lan tentrem. (sumbang2009.blogspot.co.id)

    Ritual wijikan dadi utawa ngidak tigan yaiku salah satunggaling ritual ingkang wonten ing upacara manten adat Jawa. Prosesi wiji uga kasebut ranupada. Ranupada : “ranu” yaiku banyu utawa toya “pada” yaiku sikil utawa ampeyan, sahengga ranupada tegesipun misuhi /ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung (wijikan). Ranupada nggadahi makna :
     Kagem tanda bektinipun tiyang putri kaliyan tiyang kakung.Ngilangaken sukreta (alangan) supados enggal mbangun bebrayan ingkang saged dados tuladha.Sedaya tumindak nglambangaken harumipun nami kaluwarga ingkang dipun pikantuk.

    Uba rampe ingkang kedah disiyagakaken antawisipun ,gayung, bokor, kembang setaman , lan baki. 

    Gayung digunakaken penganten putri kagem nyiduk banyu saking bokor, nglambangaken supayanipun tiyang putri dipun paringi gancar anggenipun nglayani  tiyang kakung.

    Bokor diagem nalika upacara wijikan dados wadah banyu kembang setaman. Ngagem bokor amargi ing jaman kepungkur bokor diginakaken kagem wadah banyu. Bokor dipundamel saking tembaga utawa logam ingkang kiat, sahengga bokor menika mboten gancil bocor. Bokor nggadahi makna simbolik kekuatan.

    Kembang setaman nglambangaken kerukunan pangajeng-ajeng anggenipun mbangun bebrayan.
     
    Baki digunakaken kagem alas nalika wijikan utawa mecah endhog, samenika nggadahi makna nalika sampun resmi dados pasangan sahengga sedaya menapa kemawon ditindakaken bebarengan. (https://dunianyamaya.wordpress.com/2008/04/30/makna-simbolik-dalam-upacara-panggih-adat-yogyakarta).

                Rantamaning acara ing upacara wijikan dadi utawa ngidhak tigan, yaiku : 

    Penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah, banjur penganten putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung ngagem banyu kembang. Upacara menika minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga ingkang tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog pitik kampung ingkang tasih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine : pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.

                 Endhog pitik kapidak dening penganten kakung ngantos pecah, tegesipun anggenipun mbangun bebrayan saged mecah (misah) saking tanggung jawabipun tiang sepuhipun manten kakung manten putri, saged sugeng mandhireng pribadi, lan nggadahi makna nalika penganten kakung sampun siap kagem menehi keturunan. Sesampunipun penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah, penganten putri enggal anjengu (ndhodhok) nyembah penganten kakung lan enggal mijiki samparane ngagem banyu kembang setaman kang wonten ing bokor. Iku minangka pralambang ngilangaken sesuker, mugi anggenipun sugeng mbangun bebrayan saged dados tuladha. Wanita wajib bekti marang tiyang kakung. Tiyang kakung uga wajib ngregani bektinipun tiyang putri, mula nuntun ngajak tiyang putri ngadek jajar. (Lks kawuryan B Jawa kaca 60) 

  2. Anggota Kelompok: 
  3. Afriza Syahda M (02) 
  4. Anas Tasya  S R (05) 
  5. Aprilia Catur P R (06) 
  6. Danisha Zahratusita (09) 
  7. Gayut Cahya Cantika (14) 
  8. Tiara Putri Rahmasari (33) 

  9. Sumber :
  10.  https://maribelajarsamasamauntukkesuksesan.blogspot.com/2018/09/upacara-adat-manten-jawa-wiji-dadi.html

Komentar